PESUGIHAN KAIN MORI MAYIT



#PESUGIHAN_KAIN_MORI_MAYIT# 
Prithilan 1

Jenenge wae manungsa urip neng alam donya ya werna-werna sipat lan polah tingkahe. Yen duwe sipat sing keliwat jail methakil, ora mung njaili sapepadhane urip, nadyan wis mati wis dikubur, ya ana wae manungsa sing njaili. Kaya dene sebut wae Mukiya (jeneng samaran) sawijine nelayan warga Desa Kawunganten, Cilacap. Dheweke isih kober njaili mayit sing wis dikubur, mung saperlu njupuk kain mori kafane. Wis pancen gendheng tenan manungsa iki. Tegel-tegele njupuk siji-sijine barange mayit sing digawa neng alam kubur wujud salembar kain mori.

Sipat nekade Mukiya kuwi mau musababe jebul kawiwitan merga dheweke lan kulawargane rumangsa kabotan banget anggone ngrasaake sanggane urip. Uripe Mukiya lan kulawargane pancen mlarat kesrakat sarwa kencingkrangan samubarange. Mula banjur keblinger melu-melu dalan sing ora bener, dalan sing mlenceng saka angger-anggering Gusti Allah. Mukiya banjur luru bandha donya melu-melu kaya dene sing wis dilakoni dening kancane sing biyen uga mlarat banjur bisa dadi sugih mblegedhu.

Kanthi bandha nekad lan kekendelane, Mukiya arep nyolong kain mori kafan mayit sing mati ing dina malem Jemuah Kliwon utawa Selasa Kliwon. Kanthi pangarep-arep bisa kaleksanan apa sing dipengini lan bisa dadi sugih mblegedu kaya kancane mau. Dalan kuwi dianggep dalan sing paling gampang dilakoni. Merga yen dheweke bisa kasil nyolong kain mori mau, bakale bisa dianggo njaluk apa wae marang mayit sing duwe kain kafan kuwi minongka tebusane. Kuwi mau kabeh manut saka pituduhe kancane mau, sebut wae Mukidin (jeneng samaran). Kenapa kudu kain morine sing mati ing dina Jemuah Kliwon utawa Selasa Kliwon?. Ujare kandha, kuwi mau pancen wis dadi syarate ngelmu pesugihan kain mori mayit sing dipercaya wiwit biyen mula.

Wis sasen-sasen Mukiya ngenteni lan ngindhik wong sing mati ing dina Jemuah Kliwon utawa Selasa Kliwon. Malah kepara nganti tekan kampung-kampung sakiwa-tengene, kanthi sesidheman Mukiya nggolek pawarta. Mbokmanawa ana wong mati ing dina mau supaya kain morine bisa dianggo sarana rituale. Wusana dheweke nemokake wong sing mati kaya sing dikarepake. Malah rumongsa begja sing mati kuwi bocah cilik. Dadi luwih wani nyolong kain morine tinimbang yen sing mati wong sing wis adiwasa.

Manawa sing mati wong wis adiwasa, mbokmanawa Mukiya ora bakal sanggup nyolong kain morine. Merga si mayit ora bakal nglilakake slimute dijupuk, bisa-bisa kudu direwangi gelut dhisik neng luwengan kubur. Pancen bener kudu wani toh nyawa kanggo ngrebut kain mori sing dianggo mayit mau. Semono uga kudu waspada mbokmanawa ana wong sing ngonangi. Kejaba kuwi, anggone ndhudhuk kuburan ora kena nganggo piranti apa wae, kudu mung nggunaake tangan loro. Sawise nguculi tali morine mayit, kudu cepet-cepet mbatek kain mori mau dicokot nganggo untu, ora kena nganggo tangan. Sepira wae entuke, ya kuwi sing kudu digawa mulih minongka kanggo sarana ritual pesugihane. Ora kena mbolan-mbaleni mbateke. Yen entuk luwih amba ya begjane bisa tambah akeh kasugihane.

Yen mayite wis katon, ya ing kono sing kudu luwih ing pangati-ati. Merga mayite mesthi banjur ngamuk ngukuhi kain morine sing minongka kanggo slimute. Percaya utawa ora, wong sing luru bandha donya nganggo ritual kanthi cara njupuk kain mori mau bakal direwangi gelut karo jasade mayit mau. Mbokmanawa jasade mayit kuwi wis kesusupan dhemit, mula tenaga kekuwatane ya luwih-luwih ngungkuli tenaga kekuwate manungsa lumrah. Semono uga Mukiya, sanadyan sing dijupuk kain mori mayite bocah cilik, nanging tenaga kekuwatane mayit bocah mau ngungkuli wong adiwasa. Apa maneh yen sing mati wis adiwasa, wis mesthi wae ora bakal kuwawa. Pantes wae yen akeh wong sing ora sanggup lan gagal nglakoni ritual ngono kuwi. Yen nganti kalah gelut karo mayite bisa babak belur, malah bisa uga dadi cacat awake. Mukiya nalika njupuk mori kuwi uga ngalami babak belur. Mula ya akeh sing padha duwe niyat nglakoni golek pesugihan mori mayit mung entuk babak belure malah uga cacat, nanging ora entuk kasil apa-apa.

Sing perlu dadi kawigaten sakjane ya kudu bisa konsentrasi piye carane bisa cepet-cepet njupuk morine banjur uwal saka luweng kubur. Dadi tanpa nglawan mayite sing ngamuk. Nanging ya piye wong carane ndhudhuk kuburan wae ora entuk nganggo piranti apa-apa lan carane mbatek morine ya kudu nganggo untu. Yen bisa ngentukake mori mayit kanthi cara mengkono mau bisa diarani kamulyane urip wis neng ngarep mata. Merga kanthi kain mori mau bisa kanggo njaluk apa wae marang si mayit sing wis dijupuk mori kafane. Kari nerusake ritual sabanjure migunaake kain mori mayit iku mau.

Mukiya sing wis entuk kain mori mayit bocah mau banjur mulih. Tekan omah, mori langsung disimpen neng lemari tanpa dikumbah. Wis, kari nunggu wektu sing ditemtokne kanggo miwiti ritual sabanjure. Yen wis mengkono iku, ritual sabanjure cukup gampang. Kain mori mau banjur didadekna uceng sumbu lampu senthir utawa lampu teplok. Jam rolas tengah wengi ing malem Selasa Kliwon utawa Jemuah Kliwon kanthi ritual lan japa mantra sing ditemtokake, lampu senthir mau disumet utawa diurupake. Sawise uceng saka kain mori mau murup, kukuse bakal kumelun mangambar-ambar. Mayit sing duwe mori mau kanthi panggandane sing tajem bakal marani, ngubengi omah karo ngrengek-ngrengek lan nagis njaluk kain morine sing minongka slimute kuwi mau. Ya ing wektu kuwi dikandhakna dheweke yen morine bakal dibalekna yen diijoli karo apa sing dikarepna.

Wektu kuwi malem Jemuah Kliwon pas jam rolas bengi, Mukiya miwiti rituale sing sepisanan. Wiwitane Mukiya ya rumongsa yen tumindak kuwi dosa, nanging kepriye maneh urusan weteng lan urusan kulawargane sing sarwa kecingkrangan. Mula ya kepeksa ritual kuwi tetep ditindakna. Nalika Mukiya nyuwek kain morine ana pangrasa sing aneh. Apa maneh nalika ucenge lampu senthir wis disumet neng njero kamare, pangrasane tambah aneh. Lampu senthir wis murup kukuse ngebul kumelun ngebaki kamare. Dumadakan cendhela kamare ana sing thothok-thothok saka njaba dibarengi swara tangis sing kaya ngiris-iris ati karo ngomong memelas banget swara panjaluke bocah cilik,
"Tulung Pak.... balekna slimutku, aku kadhemen, Pak. Balekna slimutku... ya mung kuwi duwekku Pak.. aja kok jupuk! Balekna Pak... aku butuh slimut kuwi..!"

*) Ana candhake

0 Response to "PESUGIHAN KAIN MORI MAYIT"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel